Kamis, 18 Agustus 2016

Cerkak Katresnan

0 komentar
Dening : Dina Okta Nur Wirananda
Absen  : 06
Kelas   : XII IIS 3


Amung Rasa Kapeksan

            Durung mesthi sing wiwite sesawangan ora sengaja lan ora ana rasa apa-apa, banjur ing pungkasan nglakoni urip bebarengan, katresnan pancen ora bisa kabedhek lumakune, dene yen wis digarisake, yaiku sing bakal kedaden, seneng ora seneng, bisa ora bisa, gelem ora gelem yaiku sing banjur kudu dilakoni. Dene rasa kapeksan, saya suwi yen dilakoni dening kesabaran, ikhlas jumejer mbarengi saka njero ati.
Ing sawijining dina ana bocah wadon sing katon sugih, ayu, putih, pinter lan dhukur, kabeh ana ing njerone bocah wadon iku mau, bocahe sabar lan ora kakehan polah. Shinta Anjani jenenge, bocah wadon iki sering diceluk Shinta. Ing wektu iku Shinta isih kelas 2 SMA, isih jamane bocah SMA kang nakal-nakale jare para guru-guru, tapi anggepan iku mau ora berlaku kanggo Shinta, ket awal kelas 1 Shinta tansah sregep sinau, ora tau nggatekake hal-hal sing senajan ora genah karepe, ing SMA Shinta tansah disenengi kanca-kancane, Shinta senajan pinter tapi ora sombong ilmu lan sak sembarange, yen ana ya dipara yen ora enek ya ora diana-ana.
Ing wektu isuk Shinta siap-siap budhal sekolah, kaya kagiatan sabendina Shinta nyepakake kabeh piranti lan buku-buku pelajaran ing dina kuwi, wektu nujukake jam 06.00 keprungu suwarane ibu nyeluk jenenge “Shintaaa, kene sarapan disik.” Shinta semaur “Inggih bu.” sak bare sarapan Shinta budhal sekolah, deweke budhal sekolah numpak bis jemputan saka sekolah sing saben isuk marani ing ngarep omah. “Tiinn..tiinnn.” keprungu suwarane bis sekolah wis mandhek ing ngarep omah.
Sak tekane Shinta ing sekolah, Shinta langsung tumuju ing kelase, kelase sing ana ing sebrange lapangan basket nuntut dheweke kudu mlaku lewat ing tengahe lapangan supaya cepet nyampek ing njero kelas. “Duuuukkkk.” ana bal sepak sing ngenani sirahe Shinta, lan Shinta ceblok ing tengah lapangan “Aduhhhh, larane sirahku, sapa ta isuk-isuk bal-balan iki.” langsung ana bocah lanang sing marani dheweke sing ceblok, “Sepurane Shin, aku ora ndelok nek kowe lewat iki mau, sepurane aku yo lagi ora enak ati.” Shinta sing isih ngusuk sirahe ndelok bocah lanang sing wajahe ora pati nggenah ngadeg ing jejere iku mau, “Sapa ta kowe?” semaure Shinta, “Aku Rama.” semaur bocah lanang sing ngadek ing jejere Shinta, “Oalah Rama to, kowe iki isa ngati-ati apa ora ta, we nggenah aku mlaku kok ijek mok saduk ae bale, kowe iki apa ra seneng mbek aku? sengaja ta kowe nyenter bal ning sirahku ngaku ae!” semaure Shinta nyeplos, “ Ora Shin, sumpah aku ora ngerti mau, sepurane ya, kene buku-bukumu tak gawakake.” semaure Rama ngerasa dheweke yen salah, “Ora usah, ora perlu, maturnuwun!” Jawabe Shinta sing muring-muring, Rama sing ora nggatekake omongane Shinta langsung nyaut buku-buku kandel sing ana ing pondongane Shinta, lan ninggalake Shinta tumuju ing kelas, “Leh Ram, pie to kowe iki!” Shinta sumaur karo mlaku ing mburine Rama. 
Sak tekane ing kelas, Rama nyeleh buku-buku iku mau ing bangune Shinta, lan Shinta lungguh ing kursine sinambi ngusuk sirahe, “Isih lara ta sirahmu?” pitakone Rama, “Lumayan lara, tapi orapapa kowe wes tak ngapura.” semaure Shinta alus, “Yowis maturnuwun.” jawabe Rama. Jam pertama ing kelas diwiwiti, ing wektu iku pelajaran matematika, Rama sing meneng ae karo dolanan hp ditunjuk marang gurune, “Rama, iya kowe le majua kerjakno soal nomer 5 sing ana ing buku iku ing papan iki ya le.” Rama sing kaget nyemauri “Loh pak, kok kula ta pak, kula mboten saget pak.” Gurune banjur nyeneni Rama “Kowe iki sinau apa ora ta le, wong iki nggenah digawe PR, apa ora mbok pelajari ning omah? wes saiki metua le, garapen ing njaba, aja mlebu yen urung mari.” Rama semaur karo wajahe sing melas lan tansah mangkel “Nggih pak, ngapunten.” Ing wektu iku kabeh murid banjur nyawangi Rama, Shinta ing kahanan kuwi ngerasa ngesakne marang Rama.
Bocah lanang sing pinter ing bidang olahraga apa mesti ora pinter ing pelajaran? ora mesti, Cuma bocah iku mau males, ora gelem njajal yen dheweke sakjane bisa. Rama bocah lanang sing ora tau tenanan yen dijak ngomong, dheweke pancen ngganteng, sugih, nanging ora seneng sinau, ing uripe mung bal-balan, ing sekolah Rama akeh disenengi dening arek wadon-wadon. Saben dina ing sekolah Rama mung teko lungguh, guyon karo kanca-kancane, ning kantin lan turu banjur mulih, sampek elek dheweke gak tau berubah. Ing wektu iku Rama lagi lungguh-lungguuh ing ngarep kelas karo kanca-kancane, ora sengaja Rama sing kesenengen guyon tangane nyenggol ngombe sing digawa Shinta lan kanca-kancane teko kantin  “Braakk.” Shinta sing kaget langsung nyelathu Rama ing panggon “Kowe iki isa ati –ati apa ora ta! nek guyon gak usah nemen-nemen, apa uripmu mung kanggo guyon? karo bal-balan? mbok ya sinau tatakrama kana la!” Rama sing dicelathu mung isa ngelek idu lan njaluk sepura karo santai “Sepurane maneh Shin, aku ora ndelok kowe liwat.” Shinta sing tambah gregeten banjur semaur “Ket biyen alasanmu ora deleng ae,sing mbok deleng ing uripmu iku apa ta sak jane? heran aku karo uripmu!” Rama sing ora trima marang omongane Shinta mau banjur nyemauri “Gak usah ceramah! aja sok pinter kowe!” Shinta sing ora nggatekake omongane Rama banjur ngaleh mlebu kelas, ing njaba Rama ditenangake marang kanca-kancane.
Bel sekolah wes muni, tandhane kabeh murid wis oleh mulih menyang omahe dhewe-dhewe, saka lawang katon sumebar murid-murid sing pada mulih sekolah, dalanan katon macet lan panas, ing kahanan kuwi Shinta sumpek amarga kahanan bis uwis kebek, “Pak..pak aja budhal ndisik.” keprungu suwarane bocah lanang sing katon mbengoki supir bis, lan banjur bocah lanang iku mau munggah, Shinta sing asik marang headsete ora ngerti yen ing jejere wis ana sing manggoni, amarga Shinta ket mau nglamun wae “Nyesss” Shinta kaget amarga ing lengene krasa adhem “Iki lo tak ijoli banyu ngombemu.” banjur rama ngelungake es teh sing katon seger, “Gak usah, aku wis ikhlas, matursuwun.” sumaure Shinta sing ora pati nggatekake Rama, “Aja nesu to, sepurane aku mau ora niat ngelokne kowe, aku emosi mau.” banjur ngelungake ngombene maneh marang Shinta, “Yowes, matursuwun.” semaure Shinta banjur nampa ngombe sing diwenehi Rama, “Nah ngono lho, oh iyo Shin aku oleh njaluk tulung apa ora? “ Pitakone Rama marang Shinta, “Njaluk tulung apa?” Shinta bingung, “Warahono aku matematika ya, aku pengen bisa pelajaran matematka meskio aku ora seneng banget karo pelajaran iku.” Jawabe Rama, “Nek kowe pengen bisa, kowe kudu seneng dhisik marang pelajarane, kepriye? isa apa ora?” Pitakone Shinta, “Iya aku isa westak sanggupake.” Semaure Rama tansah praupane sing ora ikhlas, “Yowis sesok mulih sekolah gawanen bukumu matematika, ayo banjur sinau bareng.” Semaure Shinta banjur mudhun saka bis amarga bise wis mandek ana ing ngarep omahe, “Iya siapp!” Semaure Rama semangat.
Ing dina kamis iku wektune murid-murid ing kelase Shinta olahraga, Shinta banjur males banget yen wayahe olahraga, “Shin ayo ning lapangan, gurune mengko selak teko lho!” ajake kanca-kancane Shinta, “Iyo mengko disek, aku isih nata bukuku iki lho.” banjur Shinta marani kanca-kancane. Ing lapangan katon bocah lanang-lanang wes padha nyandhak bal, Shinta sing katon fokus ndeleng Rama sing lagi bal-balan, ora sengaja Rama nyawang Shinta sing lagi ana ing pinggir lapangan katon wedi kesenter bal, “Shinnn, tak senter maneh ya?” Pitakone Rama guyon karo mbengok saka tengah lapangan, Shinta sing ora nggatekake guyonane Rama mung mlengos wae. Kanca-kancane Shinta sing nggatekake Rama katon omong karo Shinta podo takon marang Shinta “Loh Shin kowe tau disenter bal Rama to?”, “Kapan Shin awamu disenter bal karo Rama?”, “Biuh gak loro ta Shin?” , Shinta sing bingung banjur ngaleh amarga Guru Olahraga yaiku Pak Riko wis rawuh, ing wektu kuwi Pak Riko ngulangake ngenani bab bal-balan, Shinta mbatin ing njero ati “ Waduh, mampus aku ora isa bal-balan.” Pak Riko ngendhika marang arek-arek “Cah, dina iki kabeh latihan ndisik ngenani dasar-dasar bal-balan ya, minggu ngarep kabeh tes ngenai nyaduk, nganti main ing lapangan.” bareng-bareng bocah-bocah semaur sopan “Nggih pak.”  
Ora kerasa bel sekolah sing nandhakake jam ing pungkasan muni, murid-murid sumebar saka njero kelas, Rama sing katon marani Shinta banjur ngelontarake pitakone “Sido kan?” Shinta banjur semaur “Iyo, ayo Ram”, Rama banjur muter kursi sing ana ing bangku ngarepe sinta lan lungguh, Dias kancane Rama katon bingung, biyasane Rama langsung mulih, tapi nyapa kok isih ing sekolah, “Ram, gak mulih ta kowe?” pitakone Dias, “Ora, aku arepe njaluk piwulang pelajaran matematika.” semaure Rama tenanan, “Apa Ram? Matematika? aku gak salah krungu ta?” tambahe Dias, “Ora, aku arep sinau karo Shinta! wes ndang mulih kana!” jawabe Rama, Dias ngaleh karo ngguyu cekakakan. Shinta banjur ngelungake buku matematika marang Rama, lan Rama katon bingung “Loh diapakne iki?” Pitakone Rama marang shinta, “Digarap to Ram, ditulis ning buku lo ya, aja ing bathuk, ngerti?” Semaure Shinta karo guyon, “Loh Shin aku gak ngerti iki pie nggarape?” Rama katon bingung sak bingung-bingunge. Akhire ing kahanan kuwi Shinta lan Rama sinau bareng, saben mulih sekolah sak durunge Rama latihan bal-balan bocah loro kuwi mau mesti nyempatake sinau bareng.
Ing wektu iku kahanan katon mendung lan udane wis katon grimis riwis-riwis, Rama sing rumangsa wetenge kemrucuk banjur ngalih tanpa pamit, Shinta sing katon bingung sungkan arepe nekoni Rama sing banjur ngalih tanpa sebab, Shinta mung iso mbatin ing njero ati amarga dheweke yo ora wani. Setengah jam akhire Rama mbalik karo nggawa kresek gumandol ing tangane, isine panganan sing dituku Rama ing ngarep sekolah amarga Rama ora betah luwe “Shin iki lho mangano ndisik.” Rama ngelungkae panganan marang Shinta, “Iyo Ram, matursuwun yo.” piwalese Shinta, ing kahanan kuwi Shinta ngewanekake niate njaluk tulung marang Rama ngenani bab tes bal-balan sing diwenehi dening Pak Riko guru olahragane, “Ram aku oleh njaluk tulung apa ora?” Pitakone Shinta tansah isin, “Njaluk tulung apa Shin ngomongo?” piwalese Rama menyang Shinta, “Aku wulangen bal-balan Ram, kanggo tes minggu ngarep, aku ora bisa bal-balan, aku bingung kudu njaluk warah sapa maneh.” Kandhane Shinta, “Oalaaahhh ngenai bab kuwi to? gampang Shin tak warahi bar ngene ing lapangan sekolah wae ya?” Jawabe Rama santai, “Iyo Ram ora apa-apa ing lapangan sekolah wae.” wangsule Shinta lega. Sak wise sinau Rama gentenan marahi Shinta bal-balan, Rama katon seneng banget bisa marai Shinta bal-balan ing kahanan kuwi, “Saduken Shin bale, sing banter!!” semaute Rama, “Menego kowe Ram, angel iki!!”. Dina dening dina dilewati, Rama lan Shinta sing awale sekelas nanging kaya wong ora kenal ing pungkasan banjur akrab lan cedek, wis katon nyata yen bocah loro kuwi mau nduweni rasa, nanging bocah loro kuwi mau mutusake ora pacaran, panggah koncoan nanging cedek.
Ora mesti sing nduweni rasa padha iku kudu pacaran, lan uga gurung tentu sing pacaran iku nduweni rasa sing padha.Setahun kepungkur kalewati, Ujian Nasional wis dilaksanakake dening bocah-bocah SMA kuwi mau. Ing sawijining dina prei Rama lan Shinta mlaku-mlaku menyang taman, ing kahanan kuwi Rama lan Shinta padha saling tekon ngenani bab pribadine dhewe-dhewe uga masa depane, Shinta ngawiti pitakone “Ram, gegayuhanmu iku apa?” Rama njelasake, “Awit cilik kelas 5 SD aku wis metu les lan mlebu sekolah bal-balan, sampek saiki 7 tahun aku latihan bal-balan supaya bisa nggayuh impenku dadi pemain bal-balan profesional.” ngendhikane Rama, “Emange kowe wes pasti yakin bakal dadi pemain bal-balan sukses? kowe ngorbanke sekolahmu demi bal-balan? sering gak mlebu sekolah goro-goro bal-balan? apa gak mending kowe kuliah apa daftar polisi, tentara sing luwih ngeyakinake? kowe ngerti dewe kan bal-balan indonesia iku gak sejaya bal-balan luar negeri? jujur akuora seneng bal-balan blas, aku selama iki mung kapeksan seneng krao hobimu iku Ram!” Semaure Shinta ketus, “ Ora papa ta selama aku ngorbanke sekolah nanging dikanggo bal-balan? kan aku ya ora mbolos to Shin? Banjur kowe sinau sregep, pinter matematika mben ya apa mesti sukses? gurung ngerti kan? kabeh wong nduweni kaluwihane ing bidange dhewe-dhewe shin, lan kabeh wong nduweni cara kanggo sukses dhewe-dhewe!” Panyaure Rama jeru, Shinta sing rumangsa lara ati amarga jawabane Rama iku mau banjur ngaleh tanpa pamit, Rama sing rumangsa dheweke emosi ngejarake Shinta ngalih saka jejere. Sak bare kahanan kuwi mau, Shinta lan Rama wis ora tau ketemu lan ora tau kontakan maneh amarga masalah spele yaiku bedha pendapat ngenani bab gegayuhan urip.
Apa bakale sing wis ilang ora bakal bali menyang asale? yen wis dalan mulihe kabeh bakal bali kaya awale kaya takdir sing kuwasa ding wis digarisake. Lima tahun kepungkur uwis kelalu, kahanan sing cukup suwi nanging wektu kuwi cukup kanggo Shinta lan Rama nggayuh uripe dhewe-dhewe. Ing wektu kuwi Shinta sing lagi ngelamun lungguh  ing teras omah kaget amarga hpne muni, nyatane ana sms sing mlebu isine yaiku yen dienekake reuni SMA. Kabeh sing seangkatane Shinta banjur kumpul ing Gedung Pertemuan Keraton Indah, Shinta sing katon seneng banget amarga pethuk kanca-kancane SMA ora sadar yen ing kono uga ana Rama, kanca cedeke biyen. Ora sengaja pas Shinta guyon karo kanca-kancane, Shinta ngunduri bocah lanang sing ana ing mburine, Shinta langsung noleh lan njaluk sepuro marang bocah lanang iku mau “Sepp....” Panjaluk sepurane Shinta mandheg amarga bocah lanang sing ing mburine kuwi mau Rama, Shinta banjur kaget lan mbaleni pangandhikane “Sepurane aku ora sengaja.” Rama sing isih ora percaya bakal ndeleng Shinta maneh iku mau tansah amung iso manthuk wae lan ora ngomong apa-apa lan cumak bisa nyawangi Shinta sing uga terus nyawangi dheweke.
Amarga kedaden kuwi mau, Shinta uga apikan karo Rama, saiki bocah loro iku mau uwis padha sukses amarga carane dhewe-dhewe, lan wis padha dewasa nyikapi omongan sing biyen dheweke ora bisa paham. Amarga bedha pendapat lan gagasan kuwi ora bakal misahakake wong, amung misahake kahanan lan bisa kapethik pesen saka cerita kuwi mau yen kabeh wong nduweni kealuwihane dhewe-dhewe, kabeh wong nduweni cara kanggo sukses lan nata dalan uripe dhewe-dhewe, ora ana sing ora mungkin ing dunya iki yen kita kabeh ngelibatake sing kuwasa ing saben bab kang kapene dilakoni.




 

Minggu, 15 Desember 2013

I AM A FILATELI!

0 komentar
Hii semua!!! Disini ada yang gemar mengkoleksi perangko langka?
Anda mau menambah koleksi perangko langka anda? cek dibawah ini!
semua ini adalah koleksi perangko saya (^_^) ada yang minat? kontak saya di email kpoptara000@gmail.com

Ini gambar perangkonya






The Sunny Hwang (^_^)

0 komentar

Collection Cute Selca Photos




Sabtu, 14 Desember 2013

The Sunny Feat Lee Mi Ho Song

0 komentar
Hii semua sobat Princess T- Ara (^_^)/
Baru-baru ini ada lagu super keren yang baru dirilis loh oleh penyanyi pendatang baru dari korea yaitu THE SUNNY dia adalah anak pertama dari model terkenal HWANG MI HEE (^_^)
THE SUNNY ini adalah idolaku juga suaranya itu super keren (^_^)
langsung aja download lagunya di Link dibawah ini yaa teman (^_^)
Semoga kalian semua menyukai lagunya (^_^) 

COUPLE DANCE 


So Hot - The Sunny feat Lee Mi Ho.mp3_

How Are U - The Sunny.mp3

Didn't Dance - The Sunny feat Lee Mi Ho.mp3

The Sunny Hwang Photos (^_^)



Kimberley Chen Cute Photos Collection (^_^)/

0 komentar







Rabu, 14 November 2012

Cerpen Snow White and The Seven Drawrfs

0 komentar

Snow White and The Seven Drawfs

Once upon a time in a great castle, a Prince's daughter grew up happy and contented, in spite of a jealous stepmother. She was very pretty, with blue eyes and long black hair. Her skin was delicate and fair, and so she was called Snow White. Everyone was quite sure she would become very beautiful. Though her stepmother was a wicked woman, she too was very beautiful, and the magic mirror told her this every day, whenever she asked it. "Mirror, mirror on the wall, who is the loveliest lady in the land?" The reply was always; "You are, your Majesty," until the dreadful day when she heard it say, "Snow White is the loveliest in

Selasa, 13 November 2012

Profil dan Biodata TVXQ

0 komentar

Nama panggung: U-Know Yun Ho
Nama : Jung Yun Ho
Tempat, tanggal lahir: Gwangju, 06 Februari 1986
Tinggi badan: 184 cm
Berat badan : 66 kg
Hobi : mendengarkan musik
Label : SM Entertaiment
 

Princess In The Wonderland Copyright © 2012 Design by Ipietoon Blogger Template